ASAL USUL JENENG
KARANGANYAR
Desa Karanganyar iku melu
kecamatan Welahan kabupaten Jepara. Saiki cacah wargane ana 1.446 warga.
Dingeti saka panggonane, daerah iki wates kabupaten Jepara karo Demak. Kejawan
daratan teka segara lor jawa sing ombone 87 hektar, ana hamparan tambak iwak
lan rawa – rawa. Uripe makmur lan tentrem, masyarakate penggawehane akeh saka
petani, nanging uga ana sing dadi pedagang lunga metu saka pulau Jawa misale
Kalimantan, Malaysia, Sumatra lan liyane. Akeh sing petani amarga kiwa lan
tengene desa kuwi diubengi sawah, jaman samana penduduke elehan utawa pindahan
saka desa pinggire yaiku norowito, dadine penduduke cacahe mung sithik.
Sadurunge ana omah – omah
penduduk desa iki iseh rupa rawa – rawa sing sisihe ana kali/lepen. Kali iku
jenenge kali serang sing banyune akeh, kanggo nggunaake mbayuni sawah sing
ditanduri pari kanggo kebutuhan lan nyukupi ekonomi.
Warga tani sing iseh nyekel
tradisi zaman kuna, ana cara sing kanggo nyalurake pengetahuane saka basa,
kegunaane basa iki digunakake kanggo warna – warna , kaya wae ing panguripan
saben dina, upacara adapt lan upacara agama sing luwih nggunakake basa Jawa.
Zaman biyen sadurunge desa iki
dadi maju, ana perkawis sing kudu dingerteni asal – usule kenapa bisa diarani
utawa duwe jeneng Karanganyar. Saiki desa wis maju, perkembangane cepet, dadi
langka bocah sing mangerteni piye kok bisa duwe jeneng kaya ngana, ngertine
mung manggoni.
Iso ana utawa dadi jeneng
Karanganyar iku amarga ana wong sing klinter neng kalen lajeng mbanggok neng
salah sijine wit karang, wong kuwi di jenengake mbah ndaru. Ora ana ngerti
asale saka endi mayit mau, penduduk pada geger. Mayit mau terus dikubur ana ing
pinggir wit karang sing ditemuake neng panggonan mau, wong sing nemuake mayit
mau wenehi jeneng Karanganyar yaiku amarga mandeg ana ing wit karang, anyar
yaiku wong anyar sing ditemukake. Dadine wong sing nemukake mau dadiake mbah
ndaru iku tiyang sesepuh keturunan ana ing desa iku. Sak iki panggonan mau
didadekake Tempat Pemakaman Umum/ TPU ana ing desa Karanganyar. Desa iki wis
maju akeh penduduk sing kasil oleh nyambut gawe, hawane asrep ana kalen – kalen
akeh sing digunakna kanggo pengairan. Tandure wis maju, kasile dikirim lunga
adoh sing bisa dicegerake kanggo nglangsungake ekonomi para warga.
( LUTUNG KASARUNG )
Dongeng saking Kedu
Ing Jawa Barat, abad 14 taun 1482
– 1579 Prabu Siliwangi dadi panguwasa Keraton Pajajaran Sri Baduga Raja,
gelare. Keraton Pajajaran kagolong keraton Hindhu sing kuwat banget, saengga
Patih Gajah sing saka Keraton Majapait angel nguwasani keraton Pajajaran.
Keroton Majapait bisa ngembangake tlatahe nganthi tekan Malaka. Saengga tlatah
keraton Majapait lan keraton Pajajaran wawatesan karo Kebumen yakuwi kali Luk
Ulo sing dadi watese. Kuwi kabeh dadikake guwa Jatijajar mlebu tlatah keraton
Pajajaran.
Prabu Siliwangi duwe anak lanang
telu lan anak wadon siji, saka praweswari loro yakuwi Banyak Cotro, Banyak
Ngampar, Banyak Blabar lan Dewi Pamungkas. Amarga wis tuwa, Prabu Siliwangi
duwe maksud ngangkat Banyak Cotro dadi raja Ing Pajajaran. Nanging yen Banyak Cotro
ngrasa yen dheweke durung akeh duwe kapinteran lan durung duwe bojo, saengga
dheweke njaluk wektu kanggo nggoleki bocah wadon sing bakal dadi calon bojone.
Banyak Cotro gelem omah – omah yen karo bocah wadon sing ayune padha karo
ibune, banjur dheweke lunga saka Keraton Pajajaran awit nggoleki bocah wadon
sing bakal dadi bojone. Banyak Cotro entuk welingan saka Resi Ki Ajar
Wirangrong ing gunung Tangkuban Perahu yaiku supaya lunga menyang kadipaten
Pasirluhur sisih wetan.
Banyak Cotro kudu nyamar lan ngaganti
jenenge dadi R. Kamandaka sarta kudu nganggo klambine wong cilik. Banyak Cotro
tekan ing Pasirluhur, dumadakan papasan karo Ki Reksonoto. Amarga wis tuwa lan
ora duwe anak dheweke tresna banget marang R. Kamandaka awit kapinterane lan
rupane sing bagus banget.
Nalika Pasirluhur diparentah karo
Adipati Kandadoho sing duwe anak wadon, kabehe wis padha omah–omah. Nanging
sing ragil durung omah–omah Dewi Ciptoroso, jenenge. Dumadakan R. Kamandaka
karo Dewi Ciptoroso lan tresna banget marang dheweke. R. Kamandaka lan Dewi
Ciptoroso ngumpetake sesambungan kuwi marang sapa bae.
Nalika R. Kamandaka arep nemuni
Dewi Ciptoroso malah ora sida awit Jagasura kaputren ngerti yen ana wong mlebu
kaputren, saengga kaputren dikepung lan R. Kamandaka kacekel. R. Kamandaka ora
wedi lan bisa lolos saka Jagasura Pasirluhur awit kasaktiane lan katangkasane.
Sadurunge ninggalake kaputren, R. Kamandaka ngenalake awake dhewe yen dheweke
kuwi anake Ki Reksonoto. Kadadeyan kuwi gawe abang kupinge Sang Adapati, banjur
Patih Reksonoto digoleki supaya bisa nangkep R. Kamandaka lan njelasake nganthi
cetha prekara sing digawe putrane. Jagasura gage nggoleki Ki Reksonoto lan
dicekel. Kajaba katresnane Ki Reksonoto marang putra angkate, R. Kamandaka
diculake. Kanggo ngindari sujane Adipati, Ki Reksonoto ngapusi yen R. Kamandaka
wis mati. Kosok baline Dewi Ciptoroso kuciwa lan sedhih banget krungu kabar
sing mangkono kuwi.
Neng lakune R. Kamandaka ketemu
karo wong sing gaweane mancing iwak Reka Jaya, jenenge. Wong loro mau
kekonconan apik lan mutusake netep ing desa Paniagih. Neng kana R. Kamandaka
urip karo Mbok Kertosura, wong sing gelem ngopeni lan ngangkat dadi anake.
Kanggo nambani larane, R. Kamandaka nglakokake adu pitik. Asile adu pitik mau
digunakake R. Kamandaka kanggo mbangun desa Paniagih lan desa Paniagih diganti
jenenge dadi desa Sugihan.
Nalika R. Kamandaka menang adu
pitik dadikake dheweke diwanuhi wong – wong. Saengga Adipati Pasirluhur ngerti
yen kasunyatane R. Kamandaka isih urip. Banjur Adipati Pasirluhur mrentahake
supaya R. Kamandaka dicekel. Dumadakan ana pemudha bagus Silihwarni, jenenge
sing arep ngabdi marang Adipati Pasirluhur lan Adipati ngabulake panjalukane
Silihwarni mau. Silihwarni langsung dikongkon nyekel R. Kamandaka urip – urip
utawa mati.
Kasunyatane Silihwarni kuwi
Banyak Ngampar putrane Prabu Siliwangi sing ke loro. Banyak Ngampar utawa
Silihwarni lagi duwe kuwajiban nggoleki kakange yakuwi Banyak Cotro. Kanggo
ngadhepi mutawir neng dalan, dheweke diwenehi pusaka Pajajaran. Kujang
Pamungkas. Silihwarni nggoleki R. Kamandaka karo ditutake Jagasura nganthi
tekan desa Karangluas, panggonan kanggo adu pitik. Neng kana dheweke ketemu
karo R. Kamandaka. Kasunyatane R. Kamandaka nganthi ora eling lan metingake
Silihwarni yen awake arep ana mutawir sing wigati. Dheweke lena saengga keris
Kujang Pamungkas kena lambunge sisih kiwa. Nanging R. Kamandaka bisa nrobos lan
lolos saengga desane kuwi dijenengi desa Brobosan. Ing desa liyane R. Kamandaka
leren sedhela, amarga getihe saya nrocos banter saengga desa kuwi dijenengi
desa Bancaran.
Ora kenyana R. Kamandaka ngadhepi
dalan sing buntu lan panggonan kuwi diwenehi jeneng desa Buntu ( mangkana sing
dadi simpangane Kroya – Maos – Purwokerto – Kebumen ). Silihwarni tetep ngoyak
R. Kamandaka nganthi R. Kamandaka nemukake guwa lan banjur mlebu umpetan ana
jerone. Neng ngarep guwa kuwi Silihwarni nantang R. Kamandaka tanding.
Amarga kuwi kabeh R. Kamandaka
dadi ngenalake awake dhewe lan Silihwarni ngerthi yen R. Kamandaka kakange sing
lagi digoleki. Banjur Silihwarni mateni asu lan dijupuk getihe. Getihe kuwi
diwenehake Sang Adipati Pasirluhur kanggo bukti yen R. Kamandaka wis mati neng
tangane. Sadurunge R. Kamandaka lan Silihwarni ninggalake guwa kuwi, sempet
nandur wit jati jejer – jejer pas neng ngarep guwa, saengga guwa kuwi diwenehi
jeneng guwa Jitijajar.
R. Kamandaka bali ing Pajajaran
karo ngajak Reka Jaya, kancane. Nanging sawise tekan Pajajaran dheweke njaluk
restu ngembara maneh kanggo nggoleki bocah wadon sing ditresnani. R. Kamandaka
lunga maneh neng Pasirluhur lan sadurunge mangkat R. Kamandaka tapa neng guwa
panggonane ngumpet sawektu digoleki Silihwarni biyen. R. Kamandaka entuk
kanugrahan saka Resi supaya nggoleki klambi lutung supaya bisa ketemu karo Dewi
Ciptoroso. R. Kamandaka diutus tapa neng alas Batur Agung. Banjur R. Kamandaka
dadi lutung lan urip neng alas kuwi. Karo Reka Jaya dheweke aweh klambi keblak
(lawa gedhe ). Keblak kuwi diparentah supaya bapake mlebu ing alas lan yen
mengko ketemu lutung supaya dicekel banjur diopeni. Awit lutung kuwi sing bakal
bisa nemukake Dewi Ciptoroso karo R. Kamandaka.
Krungu sing mangkono kuwi atine
Dewi Ciptoroso ngrasa seneng lan dheweke nglakokake wejangane kuwi kabeh. Dewi
Ciptoroso ngomong marang bapake yen panjaluke mau kuwi kudu dituruti. Adipati
langsung mlebu ing alas Batur Agung banjur ketemu karo lutung sing manutan.
Dumadakan Reka Jaya ngaku – ngaku yen lutung kuwi duweke. Reka Jaya njaluk
supaya bisa melu ngopeni lutung kuwi. Adipati ngabulake panjaluke Reka Jaya mau
nanging ana wewaton, yen lutung kuwi entuk di krangkeng nanging kudu bisa bebas
obah. Wewaton kuwi disepakati, banjur lutung digawa lan diopeni marang Dewi
Ciptoroso. Kasunyatane lutung kuwi yaiku R. Kamandaka yen wengine bisa njelma
dadi wong nanging yen awane bisa njelma dadi lutung maneh.
Sasuwene kuwi akeh putra–putra
Raja sing tresna marang Dewi Ciptoroso, nanging dheweke ora gelem. Ana salah
sawijining putra raja Prabu Pulebahas, jenenge tresna banget lan kudu entuk
Dewi Ciptoroso. Dewi Ciptoroso krungu lan tetep ora gelem, nanging lutunge nyetujuni
yen Dewi Ciptoroso kudu nrima Prabu Pulebahas. Ora segampang kuwi, Prabu
Pulebahas kudu ngentuke yen lutung entuk melu terus ana sisihe Dewi Ciptoroso.
Amarga Prabu Pulebahas ngancem, yen ora ditampa arep ngrubuhake kadipaten
Pasirluhur. Krungu mangkono, Dewi Ciptoroso nyetujuni kekarepane Prabu
Pulebahas.
Wektu sing dikarepake Prabu
Pulebahas wis teka. Banjur Dewi Ciptoroso ketemu karo Prabu Pulebahas,
suasanane ora ngenaki banget. Amarga lutunge malah ngribeti lan langsung gawe
abang kupinge. Lutung kuwi digebug lan ora kenyana lutung malah luwih pinter.
Prabu Pulebahas kalah lan langsung ambruk neng lemah. Prabu Pulebahas mati
banjur lutung kasarung njelma maneh dadi R. Kamandaka lan nggunakake klambi
keraton Pajajaran. Saengga Adipati Pasirluhur ngerti mangkono yen lutung
kasarung yakuwi Putra Mahkota keraton Pajajaran. Banjur Adipati Pasirluhur
sarujuk marang sesambungane Dewi Ciptoroso karo R. Kamandaka sarta ngangkat
dadi Adipati Pasirluhur.
0 comments:
Post a Comment